Contoh Soal Belajar Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2 lengkap Kunci Jawaban

Soalbelajar.com , kali ini saya akan bagikan lagi Contoh Soal Belajar Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2 lengkap Kunci Jawaban. Banyak sekali contoh contoh soal belajar, terutama bagi adik adik yang saat ini sedang mengemban ilmu di sekolah dasar, tentunya harus selalu belajar dengan giat untuk mencapai cita cita

Sebelumnya soal belajar membagikan Contoh bank soal pkn untuk kelas 7 semester 2, dan sekarang kembali soal belajar mengulas soal bahasa jawa tentunya buat adik adik kelas 3 semester 2, semoga soal dibawah ini bias dikerjakan ya. Ayo belajar….
Wacanen kang premati


Contoh Soal Belajar Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2 lengkap Kunci Jawaban




DOLANAN PETAK UMPET

Wengi kuwi padhang rembulane, padhange kaya awan. Mendhung sathithik bae ora ana.
Bubar sinau bocah-bocah ora enggal mapan turu. Papuli ngampiri kancane papat, diajak dolanan petak umpet utawa dolanan dhelikan. Diarani dolanan dhelikan marga ana sing ndelik, ana sing nggoleki.
Sadurunge wiwit padha hompimpah, sing kalah dadi. Tegese kudu nggoleki sing padha ndelik, yen sing ndelik kecekel, ganti dadi.
Dolanan pethak umpet pancen nyenengake. Lumrahe yen kadhung dolanan, banjur lali waktu mulo ora pareng dolanan nganti wengi-wengi mundhak karipan, nganthuk ing sekolahan. Wong sing kurang turu awake lungkrah.
Palupi lan kancane anggone dolanan nganti jam sanga. Nuli padha bali menyang omahe dhewe-dhewe. Sadurunge mapan turu, ora lali wisuh dhisik.

Kapethik saka :
Basa jawa 3 kaca 46-47

I.Wuwuhan tandha ping ( x ) a, b, c utawa d, ing sangarepe wangsulan paling bener !

1.Dolanan pethak umpet diarani uga ….   
a.kasti    
b.jingglong
c.delikan
d.gobag sodor

2.Bocah pira kancane Palupi ?
a.1    
b.2
c.3
d.4

3.Palupi lan kancane anggone dolanan nganti jam ….
a.7    
b.8
c.9
d.10

4.Ater-ater tripurusa yaiku ….
a.in, un, el   
b.dak, ko, di
c.pa, para, pari
d.na, ana, ma

5.Punakawan iku abine .…
a.Kresna    
b.Arjuna
c.Karno
d.Duryudana

6.Gambar ing sisih kiwa iki jenenge ….
a.Semar    
b.Gareng
c.Petruk
d.Bagong

7.Yen arep mapan turu ora lali ….
a.wisuh dhisik    
b.sibin dhisik
c.raub dhisik
d.adus dhisik

8.Ibu tindak peken mundhut uwos. Ngokone tindak ….
a.teka   
b.saka
c.lunga
d.arep lunga

9.Pak Karta nandur lombok ing sawah, lomboke lagi kembang. Kembang lombok arane ….
a.pentil
b.karuk
c.menik
d.maya

10.Ibu masak pindhang diparingi godhong mlinjo. Godhong mlinjo arane ….
a.so
b.sinom
c.lumbu
d.limaran

11.Yen kurang turu rasane awake kepriye ?
Ukara ing dhuwur kelebu ukara ….
a.pakon
b.lomba
c.pitakon
d.rangkep

12.Tulisan jawa ing dhuwur yen ditulis latin ….
a.sekolah dhasar
b.sekolah anyar
c.sekolah bubar
d.sekolah dasar

13.Gambar ing sisih kiwa iki perangane gamelan kang arane ….
a.saron    
b.bonang
c.gambang
d.kendhang

14.anggonku nyambut gawe sadina  ….
a.tua
b.muput
c.bethethet
d.ngethipleng

15.Susi lagi sinau, yen ditulis aksara jawa ….
a.       
b.   
c.   
d.   


16.Saiki lagi usum panen pari. Wit pari arane ….
a.lung
b.tebon
c.debog
d.damen

17.Bapak mundhut es campur, kang isine dicampuri woh aren. Woh aren arane ….
a.kecacil
b.siwalan
c.klenthang
d.kolang-kaling

18.Sepira amba ... e kudu diukur.
Apa kasak balene tembung kang digaris ngisore.
a.ciut
b.dawa
c.cilik
d.cendhak

19.Yen ora kena dak elingake ya wis. Abot … sangganen dhewe.
a.kabotan
b.entheng
c.kenthengen
d.kuwalahan

20.Pandhawa cacahe ana ….
a.2
b.3
c.4
d.5


II.Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !

1.Tukang nabuh gamelan arane ….

2.Ibu dhahar roti. Menawi kulo ... pisang

3.Dolanan petak umpet sing dadi kudu ….

4.yen ditulis latin ….

5.Pak Amin nandur gedhang. Wit gedhang arane ….

6.Damar lenga klentik kang digunakake ke dhalang mayang arane ….

7.Geber kang dianggo ana ing wayang kulit arane ….

8.Gemblak iku wong sing pagaweyane ….

9.Undhagi wong kang pagaweyane tukang gawe bekakas saka ….

10.Sapa sing nandur, mengko bakal ….


III.Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang pratitis !

1.Kapethik saka buku apa wacan ing dhuwur ?

Wangsulan :    

2.Tulisen nganggo aksara jawa !  Ayo padha sinau ngaji

Wangsulan :    

3.Kramakna !  Bapak wis teka saka kantor  !

Wangsulan :    

4.Lakone wayang wis paripurna ! Paripurna tegese apa ?

Wangsulan :    

5.Nganti jam pira Palupi anggone dolanan ? 

Wangsulan :    


KUNCI JAWABAN

I.   
1.    c    6.    c    11.    c    16.    d
2.    d    7.    a    12.    a    17.    d
3.    c    8.    c    13.    d    18.    a
4.    b    9.    c    14.    b    19.    b
5.    b    10.    a    15.     c    20.    d


II.   
1.Niyogo
2.Nedha
3.Nggoleki
4.Surati tuku buku   
5.Gedebog   
6.Blencong   
7.Kelir
8.Gawe barang-barang saka kuningan
9.Kayu
10.Ngunduh


III.   
1.Basa Jawa : 3 kaca 46-47
2.   
3.Bapak sampun rawuh saking kantor
4.Rampung   
5.Sanga

Mudah bukan adik adik soal belajarnya, gimana…hayo
Contoh Soal Belajar Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2 lengkap Kunci jawaban ini bisa menjadi bahan belajar juga bagi bapak ibu guru yang ingin memberikan soal kepada anak didiknya, semoga bermanfaat ya.

Besok akan saya tambah lagi soal soal belajar yang lain. Selalu belajar di soalbelajar.com

0 Response to "Contoh Soal Belajar Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2 lengkap Kunci Jawaban"